Nama :
1.
Asta
Seni CWSS (06/XII MIPA 5)
2.
Dina
Aditama (09/XII MIPA 5)
3.
Rhesa
Nico Philaret (19/XII MIPA 5)
4.
Riza
Anhar Nurrohman (22/XII MIPA 5)
BOJO 2
Ana ing sawijining dina Bambang
pengusaha sukses saking Kowang gineman dhewe.
Bambang : “Wah kog rasane sepi yo ora ana sing tak sanding, lagi wae
ditinggal mlayu pacarku,
galau aku.”
Ngerti-ngerti bapakne Bambang
nyeluk.
Rama : “Bambang, rene
o le!”
Bambang : “Inggih, Pak. Wonten menapa ?”
Rama : “Bambang, kowe
ki saiki wis mapan, wis nduweni gawean
lan penghasilan. Opo kowe ki ora gek cepet-cepet golek sesandingan wae. Dasar e bapak ki yo pengen nek kowe ki nduweni penyanding, nek iso yo gek cepet duwe momongan.”
Bambang : “Waduh rama, pangarep kula nggih samenika ugi, nanging pripun malih.
Sak tenanipun kula niku sampun gadah
nanging kula wingi menika piyambakipun medhot sesambungan.”
Rama : “Lah kenopo ?”
Bambang : “Kula nggih mboten mangertosa rama. Kadosipun piyambakipun mboten
remen kalih kula lan wonten priya liya.”
Rama : “Walah, ngenes
tenan nasibmu, le.”
2 dina sakwise kuwi Bambang
mlaku-mlaku ana ing mall numpak Ferrari, dasar e wis dadi wong sukses.
Bambang : “Wah arep tuku apa yo ?”
Bambang bingung arep tuku apa
ning mall.
Bambang : “Wah tuku panganan
kanggo Rama wae lah.”
Banjur Bambang tuku panganan
kanggo Rama ne. Sak wise iku Bambang banjur mlaku-mlaku mubeng ndelok-ndelok
ana ing pameran mobil. Dasare Bambang
seneng otomotif.
Bambang : “Wah mobil e apik tenan!”
Bambang : “Wah mobil e apik tenan!”
Banjur ono SPG kang nemoni
Bambang.
Asta : “Mangga, wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bambang mung meneng wae amarga
kesemsem karo ayune SPG mau.
Asta : “Mas menapa kok namung ngalamun ?”
Bambang : “Mboten kok, namung heran wae mobil e apik banget.”
Asta : “Owalah mas mas.”
Bambang : “Wah mbak, mobil e reginipun pinten ?”
Asta : “Oh niki reginipun 6,3M.”
Bambang : “Wah kog larang sanget?”
Asta : “Lah inggih to mas.”
Bambang : “Yo leres ding, lah wong mobil e Lambourginie.”
Asta : “Lah niki panjenengan sios tumbas mboten mas ?”
Bambang : “Tumbas menapa ?”
Asta : “Mobil e niki lah mas.”
Bambang
: “Wah jan mbak e ki. Yo wis ngeten
mawon mbak, kula nyuwun
PIN panjenengan menawi kula sios tumbas.”
Asta : “Oh nggih niki mas PIN kula.”
Bambang : “Oh iya, asmane sapa to ?”
Asta : “Kula Asta, mas.”
Bambang : “Owalah.”
Banjur Bambang mulih. Aslinipun
Bambang nyuwun PIN mau namung modus kanggo nyedaki Asta. Semingggu kepengker
Bambang sukses nyedaki Asta. Banjur Bambang ngajak dolan Asta, nanging
sakdurunge Bambang telfon Asta rumiyin.
Bambang : “Hallo, Dik Asta.”
Asta : “Inggih Mas Bambang, wonten menapa nggih ?”
Bambang : “Sliramu selo mboten, Dik ?”
Asta : “Kadosipun kula selo, wonten menapa nggih mas ?”
Bambang : “Ngeten lho, dik. Mas Bambang ki nembe prei, pripun yen sliramu tak ajak dolan.”
Asta : “Wonten pundi mas ?”
Bambang : “Nggih pokok e tumut rumiyin mawon.”
Asta : “Aduh pripun nggih mas.”
Bambang : “Lha pripun to dik ?”
Asta : “Nggih mboten menapa-menapa mas.”
Bambang : “Oh ya, sekedap tak mrono tak petuk.”
Asta : “Nggih mas, kula tengga.”
Sakdurunge Bambang mangkat
menyang omah e Asta, Bambang pamit kaliyan ramane.
Rama : “Bambang arep menyang ngendi kowe le ?”
Bambang : “Badhe medhal sekedap rama.”
Rama : “Malah arep nengndi to le ?”
Bambang : “Badhe wonten dalemipun Dik Asta, mangkih rama badhe kula kenalaken kaliyan Dik Asta.”
Rama : “Owalah, ya wis kono le. Ngati-ati ana ing dalan.”
Banjur Bambang lunga menyang omah
e Dik Asta lan dipun ajak menyang omah e Bambang.
Ora let suwe Bambang lan Asta wis
tekan, lan langsung ketemu kaliyan rama.
Bambang : “Rama, niki Asta.”
Rama : “Owalah, iki to le.”
Asta : “Inggih pak, kula Asta.”
Bambang : “Hehehe, inggih rama menika kenalan kula.”
Sakwise pada gineman Asta lan
Bambang lunga menyang mall. Ora let suwe ana bocah wadon teka ana omah e
Bambang.
Dina : “Kulanuwun...kulanuwun. Assalammualaikum.”
Rama : “Inggih sekedap.” (mlaku mbuka lawang)
Dina : “Niki leres dalemipun Mas Bambang ?”
Rama : “Inggih leres, nduk. Lah panjenengan sinten nggih ?”
Dina : “Kula pacaripun Mas Bambang, nanging Mas Bambang menika sampun
dangu mboten ngabari kula.”
Rama : “Lah dalah sik-sik, Bambang putraku ki wis nduwe pacar ki, tapi dede
sampeyan.”
Dina : “Ha menapa leres ? Kok Mas Bambang tega kaliyan kula.”
Rama
: “Sik-sik cah ayu ojo ngono,
mungkin ono salah paham iki.”
Dina
: “Kula kedah pripun, pak ?”
(karo nangis)
Rama :
“Wahl ah malah nangis, wis to nduk ojo nangis. Kabeh mesti ana penyelesaianne.
Paling delet meneh Bambang mulih.”
Dina
: “Walah Mas Bambang kok kowe
tega tenan karo aku.”
Rama
: “Iyo sabar nduk sabar, iki
mung salah paham.”
Dina
: “Salah paham kepripun pak
menawi sampun ngoten niki.”
Rama
: “Panjenengan nak nggih sampun mangertos to nduk, Bambang ki bocah e apikan.
Mbiyen pas iseh karo kowe nak yo panjenengan ngerti dewe to nduk.”
Dina
: “Nggih sak tenanipun leres,
pak.”
Rama :
“Ya wis saiki ngenteni Bambang mulih wae ya, nduk. Mengko gek dirampungke
masalah e.”
Dina
: “Nggih, pak.”
Sawise
iku Bambang lan Asta tekan ngomah.
Bambang
lan Asta : “Assalammualaikum…”
Rama
: “Waalaikummussalam.”
Rama
: “Lah iki opo bocah e.”
Bambang
: “Loh kok ana….” (kaget)
Dina
: “Ana opo, mas ?”
Bambang
: “Ana sliramu.”
Dina
: “Oh ngono to saiki kowe mas.
Jelaske opo kabeh iki!”
Bambang
: “Jelaske pripun to ?”
Dina :
“Jelaske menapa koh panjenengan tega ninggal kula. Salahku opo to mas ?”
Bambang
: “Lah dalah piye to iki.” (bingung)
Dina
: “Lah nggih panjenengan niku
mas pripun.” (mangkel)
Asta
: “Duh mas, kog kowe ki goroh
karo aku to mas.”
Bambang
: “Lah ?”
Asta :
“Jebul saktenane wis ana wong wadon liya sing nyanding sliramu.”
Dina
: " Oh dadi iki to
uwong sing nikung kula."
Asta
: " Weh mboten nggih,
jenengan niku."
Dina : " Ora!! Mas Bambang niku
saking riyin sampun kalih kula."
Asta
: " Kalih kula !!
"
Rama : " Uwis uwis aja pada
kerengan iku ora becik. Bambang kowe iso njelaske kabeh iki ora le ?"
Bambang
: "Saget pak, menika
kadosipun naming salah paham."
Dina
: " La wis saiki coba
panjenengan jelaske mas ?"
Bambang : "Ngene lo dik. Saktenanane aku
isih tresna marang sliramu nanging kok aku pirsa nalika sliramu boncengan
kaliyan priya liya lan nalika kula hubungi mboten tau nyaosi kabar."
Dina : "Walah mas. Ingkang
mboncengaken kula menika sederek kula lan kula mboten nyaosi kabar menika HP
kula risak mas, arep nyambut HPnipun bapak ibu nggih sami mawon. wong pin lan
nomoripun mas bambang kula kesupen."
Bambang : "Walah lah trus pripun
niki?"
Dina
: " Hla pripun to
mas-mas?"
Bambang
: " Lah kan kula kinten nek
sliramu ninggal aku."
Rama : " Nggih ngoten mawon.
Bambang kowe isih remen karo Dik Dina?"
Bambang
: " Nggih remen rama."
Rama : " Karo Dik Asta?"
Bambang
: " Nggih remen rama."
Rama : " Nek nduk dina kaliyan
asta remen kalih nak bambang?"
Asta
, dina : " Nggih remen pak."
Rama : "Nek pada remen lan tresno
yowis kudu ana sing ngalah. Kepripun yen nak Bambang ben milih."
Dina
: " Nggih pak kula
manut mawon."
Asta
: "Nggih kula sami
mawon"
Rama : " Bambang saiki tergantung
kowe le."
Bambang
: " Kula bingung rama."
Rama : " Arep karo nduk Dina apa
Asta ? Po arep
sedaya ?"
Bambang
: " Nggih mboten napa-napa
rama."
Rama : " Weh la dalah. Mosok
garwane loro po yo podo purun."
Dina : "Nek kula mboten
napa-napa sik penting tasih kalih Mas Bambang."
Asta : "Sakhanipun kula nggih
mboten napa-napa. Nanging saestu kula nyuwun pangapunten kula mboten mawon.
Kula tak ngalah."
Rama : " Oh yawis menawi
ngoten."
Asta
: "Dasaripun kula
nggih sampun tresna kaliyan priya liya."
Bambang : "Woalah jebul ngono ta aku di apusi
karo Dik Asta. Wis ana sik liya ta sak tenane.
Asta
: " Nggih sing jembar
pangapurane mas."
Rama :" Wis aja pada ribut maneh.
Dadi saiki wis jelas ta. Nak Bambang karo Dik Dina kemawon lan Dik Asta sik
ngalah."
Bambang :"
Inggih rama. Dik Dina saestu kula nyuwun pangapunten ora bakal tak baleni
maneh. Kedadeyan iki pancen sliramu sing bakal dadi panyandingku."
Dina
:" Inggih mas."
Pungkasane Bambang nembung Dina
kaliyan bapak ibune Dina lan Dina dados garwane Bambang. Ramane ugi seneng lan
kabeh melu senenh. Masalah wau sampun saget dipun rampungaken.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.