Kamis, 12 November 2015

PERCAKAPAN BAHASA JAWA


Nama :
1.     Asta Seni CWSS (06/XII MIPA 5)
2.     Dina Aditama (09/XII MIPA 5)
3.     Rhesa Nico Philaret (19/XII MIPA 5)
4.     Riza Anhar Nurrohman (22/XII MIPA 5)

BOJO 2

Ana ing sawijining dina Bambang pengusaha sukses saking Kowang gineman dhewe.
Bambang         : “Wah kog rasane sepi yo ora ana sing tak sanding, lagi wae ditinggal mlayu pacarku, galau aku.”
Ngerti-ngerti bapakne Bambang nyeluk.
Rama               : “Bambang, rene o le!”
Bambang         : “Inggih, Pak. Wonten menapa ?”
Rama               : “Bambang, kowe ki saiki wis mapan, wis nduweni                           gawean lan penghasilan. Opo kowe ki ora gek cepet-cepet                golek sesandingan wae. Dasar e bapak ki yo pengen nek                                kowe ki nduweni penyanding, nek iso yo gek cepet duwe                  momongan.”
Bambang         : “Waduh rama, pangarep kula nggih samenika ugi,                            nanging pripun malih. Sak tenanipun kula niku sampun                            gadah nanging kula wingi menika piyambakipun medhot                    sesambungan.”
Rama               : “Lah kenopo ?”
Bambang         : “Kula nggih mboten mangertosa rama. Kadosipun                            piyambakipun mboten remen kalih kula lan wonten priya              liya.”
Rama               : “Walah, ngenes tenan nasibmu, le.”
2 dina sakwise kuwi Bambang mlaku-mlaku ana ing mall numpak Ferrari, dasar e wis dadi wong sukses.
Bambang      : “Wah arep tuku apa yo ?”
Bambang bingung arep tuku apa ning mall.
Bambang      : “Wah tuku panganan  kanggo Rama wae lah.”
Banjur Bambang tuku panganan kanggo Rama ne. Sak wise iku Bambang banjur mlaku-mlaku mubeng ndelok-ndelok ana ing pameran mobil. Dasare Bambang seneng otomotif.
Bambang      : “Wah mobil e apik tenan!”
Banjur ono SPG kang nemoni Bambang.
Asta              : “Mangga, wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bambang mung meneng wae amarga kesemsem karo ayune SPG mau.
Asta              : “Mas menapa kok namung ngalamun ?”
Bambang      : “Mboten kok, namung heran wae mobil e apik banget.”
Asta              : “Owalah mas mas.”
Bambang      : “Wah mbak, mobil e reginipun pinten ?”
Asta              : “Oh niki reginipun 6,3M.”
Bambang      : “Wah kog larang sanget?”
Asta              : “Lah inggih to mas.”
Bambang      : “Yo leres ding, lah wong mobil e Lambourginie.”
Asta              : “Lah niki panjenengan sios tumbas mboten mas ?”
Bambang      : “Tumbas menapa ?”
Asta              : “Mobil e niki lah mas.”
Bambang      : “Wah jan mbak e ki. Yo wis ngeten mawon mbak, kula            nyuwun PIN panjenengan menawi kula sios tumbas.”
Asta              : “Oh nggih niki mas PIN kula.”
Bambang      : “Oh iya, asmane sapa to ?”
Asta              : “Kula Asta, mas.”
Bambang      : “Owalah.”
Banjur Bambang mulih. Aslinipun Bambang nyuwun PIN mau namung modus kanggo nyedaki Asta. Semingggu kepengker Bambang sukses nyedaki Asta. Banjur Bambang ngajak dolan Asta, nanging sakdurunge Bambang telfon Asta rumiyin.
Bambang      :  “Hallo, Dik Asta.”
Asta              : “Inggih Mas Bambang, wonten menapa nggih ?”
Bambang      : “Sliramu selo mboten, Dik ?”
Asta              : “Kadosipun kula selo, wonten menapa nggih mas ?”
Bambang      : “Ngeten lho, dik. Mas Bambang ki nembe prei, pripun yen                  sliramu tak ajak dolan.”
Asta              : “Wonten pundi mas ?”
Bambang      : “Nggih pokok e tumut rumiyin mawon.”
Asta              : “Aduh pripun nggih mas.”
Bambang      : “Lha pripun to dik ?”
Asta              : “Nggih mboten menapa-menapa mas.”
Bambang      : “Oh ya, sekedap tak mrono tak petuk.”
Asta              : “Nggih mas, kula tengga.”
Sakdurunge Bambang mangkat menyang omah e Asta, Bambang pamit kaliyan ramane.
Rama            : “Bambang arep menyang ngendi kowe le ?”
Bambang      : “Badhe medhal sekedap rama.”
Rama            : “Malah arep nengndi to le ?”
Bambang      : “Badhe wonten dalemipun Dik Asta, mangkih rama badhe                  kula kenalaken kaliyan Dik Asta.”
Rama            : “Owalah, ya wis kono le. Ngati-ati ana ing dalan.”
Banjur Bambang lunga menyang omah e Dik Asta lan dipun ajak menyang omah e Bambang.
Ora let suwe Bambang lan Asta wis tekan, lan langsung ketemu kaliyan rama.
Bambang      : “Rama, niki Asta.”
Rama            : “Owalah, iki to le.”
Asta              : “Inggih pak, kula Asta.”
Bambang      : “Hehehe, inggih rama menika kenalan kula.”
Sakwise pada gineman Asta lan Bambang lunga menyang mall. Ora let suwe ana bocah wadon teka ana omah e Bambang.
Dina             : “Kulanuwun...kulanuwun. Assalammualaikum.”
Rama            : “Inggih sekedap.” (mlaku mbuka lawang)
Dina             : “Niki leres dalemipun Mas Bambang ?”
Rama            : “Inggih leres, nduk. Lah panjenengan sinten nggih ?”
Dina             : “Kula pacaripun Mas Bambang, nanging Mas Bambang                                   menika sampun dangu mboten ngabari kula.”
Rama            : “Lah dalah sik-sik, Bambang putraku ki wis nduwe pacar                                ki, tapi dede sampeyan.”
Dina             : “Ha menapa leres ? Kok Mas Bambang tega kaliyan kula.”
Rama            : “Sik-sik cah ayu ojo ngono, mungkin ono salah paham iki.”
Dina             : “Kula kedah pripun, pak ?” (karo nangis)
Rama            : “Wahl ah malah nangis, wis to nduk ojo nangis. Kabeh mesti ana penyelesaianne. Paling delet meneh Bambang mulih.”
Dina             : “Walah Mas Bambang kok kowe tega tenan karo aku.”
Rama            : “Iyo sabar nduk sabar, iki mung salah paham.”
Dina             : “Salah paham kepripun pak menawi sampun ngoten niki.”
Rama            : “Panjenengan nak nggih sampun mangertos to nduk, Bambang ki bocah e apikan. Mbiyen pas iseh karo kowe nak yo panjenengan ngerti dewe to nduk.”
Dina             : “Nggih sak tenanipun leres, pak.”
Rama            : “Ya wis saiki ngenteni Bambang mulih wae ya, nduk. Mengko gek dirampungke masalah e.”
Dina             : “Nggih, pak.”
Sawise iku Bambang lan Asta tekan ngomah.
Bambang lan Asta        : “Assalammualaikum…”
Rama            : “Waalaikummussalam.”
Rama            : “Lah iki opo bocah e.”
Bambang      : “Loh kok ana….” (kaget)
Dina             : “Ana opo, mas ?”
Bambang      : “Ana sliramu.”
Dina             : “Oh ngono to saiki kowe mas. Jelaske opo kabeh iki!”
Bambang      : “Jelaske pripun to ?”
Dina             : “Jelaske menapa koh panjenengan tega ninggal kula. Salahku opo to mas ?”
Bambang      : “Lah dalah piye to iki.” (bingung)
Dina             : “Lah nggih panjenengan niku mas pripun.” (mangkel)
Asta              : “Duh mas, kog kowe ki goroh karo aku to mas.”
Bambang      : “Lah ?”
Asta              : “Jebul saktenane wis ana wong wadon liya sing nyanding sliramu.”
Dina                 : " Oh dadi iki to uwong sing nikung kula."
Asta                 : " Weh mboten nggih, jenengan niku."
Dina                 : " Ora!! Mas Bambang niku saking riyin sampun kalih kula."
Asta                 : " Kalih kula !! "
Rama               : " Uwis uwis aja pada kerengan iku ora becik. Bambang kowe iso njelaske kabeh    iki ora le ?"
Bambang         : "Saget pak, menika kadosipun naming salah paham."
Dina                 : " La wis saiki coba panjenengan jelaske mas ?"
Bambang         : "Ngene lo dik. Saktenanane aku isih tresna marang sliramu nanging kok aku pirsa nalika sliramu boncengan kaliyan priya liya lan nalika kula hubungi mboten tau nyaosi kabar."
Dina                 : "Walah mas. Ingkang mboncengaken kula menika sederek kula lan kula mboten nyaosi kabar menika HP kula risak mas, arep nyambut HPnipun bapak ibu nggih sami mawon. wong pin lan nomoripun mas bambang kula kesupen."
Bambang         : "Walah lah trus pripun niki?"
Dina                 : " Hla pripun to mas-mas?"
Bambang         : " Lah kan kula kinten nek sliramu ninggal aku."
Rama               : " Nggih ngoten mawon. Bambang kowe isih remen karo Dik Dina?"
Bambang         : " Nggih remen rama."
Rama               : " Karo Dik Asta?"
Bambang         : " Nggih remen rama."
Rama               : " Nek nduk dina kaliyan asta remen kalih nak bambang?"
Asta , dina       : " Nggih remen pak."
Rama               : "Nek pada remen lan tresno yowis kudu ana sing ngalah. Kepripun yen nak Bambang ben milih."
Dina                 : " Nggih pak kula manut mawon."
Asta                 : "Nggih kula sami mawon"
Rama               : " Bambang saiki tergantung kowe le."
Bambang         : " Kula bingung rama."
Rama               : " Arep karo nduk Dina apa Asta ? Po arep sedaya ?"
Bambang         : " Nggih mboten napa-napa rama."
Rama               : " Weh la dalah. Mosok garwane loro po yo podo purun."
Dina                 : "Nek kula mboten napa-napa sik penting tasih kalih Mas Bambang."
Asta                 : "Sakhanipun kula nggih mboten napa-napa. Nanging saestu kula nyuwun pangapunten kula mboten mawon. Kula tak ngalah."
Rama               : " Oh yawis menawi ngoten."
Asta                 : "Dasaripun kula nggih sampun tresna kaliyan priya liya."
Bambang      : "Woalah jebul ngono ta aku di apusi karo Dik Asta. Wis ana sik liya ta sak tenane.
Asta                 : " Nggih sing jembar pangapurane mas."
Rama               :" Wis aja pada ribut maneh. Dadi saiki wis jelas ta. Nak Bambang karo Dik Dina kemawon lan Dik Asta sik ngalah."


Bambang         :" Inggih rama. Dik Dina saestu kula nyuwun pangapunten ora bakal tak baleni maneh. Kedadeyan iki pancen sliramu sing bakal dadi panyandingku."
Dina                 :" Inggih mas."

Pungkasane Bambang nembung Dina kaliyan bapak ibune Dina lan Dina dados garwane Bambang. Ramane ugi seneng lan kabeh melu senenh. Masalah wau sampun saget dipun rampungaken.